FKOGK
Would you like to react to this message? Create an account in a few clicks or log in to continue.


Forum Komunitas Online Gunungkidul
 
IndeksJual BeliPortal FKOGKLatest imagesPencarianPendaftaranLogin

 

 test pengetahuan ttg wayang

Go down 
+5
wiwid
masipoeng
sacho_eka
igunawan
Asmaraningtyas
9 posters
Pilih halaman : Previous  1, 2
PengirimMessage
Asmaraningtyas
Camat
Asmaraningtyas


Lokasi : Karangmojo
Reputation : 39
Join date : 08.01.09

test pengetahuan ttg wayang - Page 2 Empty
PostSubyek: test pengetahuan ttg wayang   test pengetahuan ttg wayang - Page 2 Icon_minitimeSat Mar 10, 2012 9:13 am

First topic message reminder :

nggon jagade pewayangan, ana tataran tataran (dimensi) urip sing disebut LOKA. loka dhewe iku basa jawa kuna/kawi sing artine papan. lha nek nggon pewayangan papan papan iku ana tatarane/tingkatane. tingkatane manungsa lumrah kuwi tingkatan JANALOKA, tingkat kadewatan iku ana rong werna INDRALOKA karo GIRI/GURULOKA.

nah apa ana sing weruh apa maksude kuwi?
Kembali Ke Atas Go down

PengirimMessage
Asmaraningtyas
Camat



Join date : 08.01.09

test pengetahuan ttg wayang - Page 2 Empty
PostSubyek: Re: test pengetahuan ttg wayang   test pengetahuan ttg wayang - Page 2 Icon_minitimeTue Mar 27, 2012 12:26 pm

men enak disawang nak mas... gambare tumini kwi rak ngawa rahsa...

ya umpama dionceki ngono rasa iku rak ana telung warna :

rasa njaba
rasa njero
lan rasa sejati...

tumini kwi bisa tumancep rasa njero...
Kembali Ke Atas Go down
prasetyo
Camat



Join date : 22.03.08

test pengetahuan ttg wayang - Page 2 Empty
PostSubyek: Re: test pengetahuan ttg wayang   test pengetahuan ttg wayang - Page 2 Icon_minitimeTue Mar 27, 2012 12:28 pm

nek rasa njaba ki sing kepiye mbah,..
Kembali Ke Atas Go down
Asmaraningtyas
Camat



Join date : 08.01.09

test pengetahuan ttg wayang - Page 2 Empty
PostSubyek: Re: test pengetahuan ttg wayang   test pengetahuan ttg wayang - Page 2 Icon_minitimeTue Mar 27, 2012 12:43 pm

wah jan jane iki ilmu dhuwur sing nek jaman biyen le ngajarke nganggo bisik bisik suket godong ra oleh krungu, mula banjur sinebut ilmu klenik....

ning ya wis lah toh aku saiki iki bakal medhar sabda tanpa gunem malah, iki ora mung klenik, ning wis dadi ilmu thak thik...

rasa iku ana werna telu ya ngger, anakku prasetya..

siji rasa njaba, rasa njaba kuwi rasa sing isa dirasake panca driya, kaya to: panas, adhem, perih, ting ceneneng, ting srenut, cekot cekot, enak gurih, legi kecut dst.

sing kaping pindho rasa njero, rasa njero kui rasa sing ditampa dening ati, kaya to. rasa bagya mulya, tentrem, cinta, rindu, dendam, kangen, nesu, mangkel, gethinh lsp. lah tumini kwi isa nuwuhake rasa tresna...iku rasa njero...

rasa sing pungkasan iku jenenge rasa jati/ rasa sejati. rasa iku mung isa dirasake wong wong pinilih sing wis cedhak karo gustine...menungsa nek wis tekan rasa iki isa ngerti sak durunge winarah. rasa iki padha karo rasa sing dirasake nek anan wong dzikir iutawa sholat sing nganti nangis... wong sholat isa nangis iku sak temene wis tekan gapurane rasa njero....

ngono nak mas prasetya....muga mudeng karo sing dikarepeke mbahmu iki....
Kembali Ke Atas Go down
sacho_eka
Pengawas



Join date : 03.11.08

test pengetahuan ttg wayang - Page 2 Empty
PostSubyek: Re: test pengetahuan ttg wayang   test pengetahuan ttg wayang - Page 2 Icon_minitimeTue Mar 27, 2012 1:41 pm

surum-surum kiwan coro king king...

hiiiiiiinnngg...



dhok

dhok

dhok

dhok
Kembali Ke Atas Go down
http://kiossticker.com
Asmaraningtyas
Camat



Join date : 08.01.09

test pengetahuan ttg wayang - Page 2 Empty
PostSubyek: Re: test pengetahuan ttg wayang   test pengetahuan ttg wayang - Page 2 Icon_minitimeTue Mar 27, 2012 4:10 pm

sacho_eka wrote:
surum-surum kiwan coro king king...

hiiiiiiinnngg...



dhok

dhok

dhok

dhok

surem surem dewangkara kingkin...manuksma ing layon........

hunngggggg ....hongggggg....
Kembali Ke Atas Go down
wiwid
HanSip



Join date : 09.08.09

test pengetahuan ttg wayang - Page 2 Empty
PostSubyek: Re: test pengetahuan ttg wayang   test pengetahuan ttg wayang - Page 2 Icon_minitimeWed Mar 28, 2012 11:16 am

Wahhh..
Malah sido wayangan tenan iki.. ngakakk
Monggo dilanjut mbah!
Aq tak nyimak.. Very Happy
Kembali Ke Atas Go down
http://www.wonosari.com/forum
prasetyo
Camat



Join date : 22.03.08

test pengetahuan ttg wayang - Page 2 Empty
PostSubyek: Re: test pengetahuan ttg wayang   test pengetahuan ttg wayang - Page 2 Icon_minitimeWed Mar 28, 2012 11:33 am

Asmaraningtyas wrote:
wah jan jane iki ilmu dhuwur sing nek jaman biyen le ngajarke nganggo bisik bisik suket godong ra oleh krungu, mula banjur sinebut ilmu klenik....

ning ya wis lah toh aku saiki iki bakal medhar sabda tanpa gunem malah, iki ora mung klenik, ning wis dadi ilmu thak thik...

rasa iku ana werna telu ya ngger, anakku prasetya..

siji rasa njaba, rasa njaba kuwi rasa sing isa dirasake panca driya, kaya to: panas, adhem, perih, ting ceneneng, ting srenut, cekot cekot, enak gurih, legi kecut dst.

sing kaping pindho rasa njero, rasa njero kui rasa sing ditampa dening ati, kaya to. rasa bagya mulya, tentrem, cinta, rindu, dendam, kangen, nesu, mangkel, gethinh lsp. lah tumini kwi isa nuwuhake rasa tresna...iku rasa njero...

rasa sing pungkasan iku jenenge rasa jati/ rasa sejati. rasa iku mung isa dirasake wong wong pinilih sing wis cedhak karo gustine...menungsa nek wis tekan rasa iki isa ngerti sak durunge winarah. rasa iki padha karo rasa sing dirasake nek anan wong dzikir iutawa sholat sing nganti nangis... wong sholat isa nangis iku sak temene wis tekan gapurane rasa njero....

ngono nak mas prasetya....muga mudeng karo sing dikarepeke mbahmu iki....

maturnuwun sanget mbah,.. pun dong sakniki kulo,..
Kembali Ke Atas Go down
sacho_eka
Pengawas



Join date : 03.11.08

test pengetahuan ttg wayang - Page 2 Empty
PostSubyek: Re: test pengetahuan ttg wayang   test pengetahuan ttg wayang - Page 2 Icon_minitimeWed Mar 28, 2012 1:25 pm

Asmaraningtyas wrote:
sacho_eka wrote:
surum-surum kiwan coro king king...

hiiiiiiinnngg...



dhok

dhok

dhok

dhok

surem surem dewangkara kingkin...manuksma ing layon........

hunngggggg ....hongggggg....


ngakak jebul aku kleru tho??
Kembali Ke Atas Go down
http://kiossticker.com
prasetyo
Camat



Join date : 22.03.08

test pengetahuan ttg wayang - Page 2 Empty
PostSubyek: Re: test pengetahuan ttg wayang   test pengetahuan ttg wayang - Page 2 Icon_minitimeWed Mar 28, 2012 3:23 pm

horo toto pitono manenggih dewo noto,..
Kembali Ke Atas Go down
Asmaraningtyas
Camat
Asmaraningtyas


Lokasi : Karangmojo
Reputation : 39
Join date : 08.01.09

test pengetahuan ttg wayang - Page 2 Empty
PostSubyek: Re: test pengetahuan ttg wayang   test pengetahuan ttg wayang - Page 2 Icon_minitimeWed Mar 28, 2012 6:07 pm

waduh jawane koplak kabeh....

Swuh rep data pitana.

Nenggih negari pundi ta kang ka eka adi dasa purwa.
Eka sawiji adi linuwih, dasa sapuluh, purwa wiwitan.
Senadyan kathah titahing jawata ingkang kasangga
ing Pertiwi, kaungkulan ing Angkasa, kapit ing Samodra,
kathah ingkang samya anggana raras, nanging datan
kadi ing negari Ngastina.

Ngupaya satus datan antuk kekalih, sewu tan jangkep
sedasa, ora jeneng mokal lamun mangka bebukaning
carita. Dhasar Negara panjang punjung pasir wukir,
gemah ripah loh jinawi, karta tata raharja.

Panjang dawa pocapane, punjung dhuwur kawibawane,
pasir samodra, wukir gunung. Pranyata nagari Nusantara
ngungkuraken pegunungan, ngeringaken bengawan
nengenaken pasabinan miwah ngayunaken bebandaran agung.

Gemah kathah para nangkuda kang lumaku dedagangan
anglur selur datan ana pedhote labet tan ana sangsayaning margi.

Ripah kathah para janma manca negari kang samya katrem
abebale wisma ing salebeting kitha, jejel apipit bebasan aben
cukit tepung taritis, papan wiyar katingal rupak.

Loh subur kang sarwa tinandur, jinawi murah kang sarwa tinuku.
Karta para kawula ing padusunan mungkul pangolahing
tetanen ingon-ingon kebo-sapi pitik-iwen datan cinancangan
rahina aglar ing pangonan wanci ratri bali marang kandhange
dhewe dhew......dst.
Kembali Ke Atas Go down
Agus_Gogon
Pengawas
Agus_Gogon


Lokasi : karangetan rongkop GK pondok gede
Reputation : 109
Join date : 17.09.10

test pengetahuan ttg wayang - Page 2 Empty
PostSubyek: Re: test pengetahuan ttg wayang   test pengetahuan ttg wayang - Page 2 Icon_minitimeWed Mar 28, 2012 7:42 pm

aku ra ngerti nek iki tersipumalu
Kembali Ke Atas Go down
http://www.c-palm.com
masipoeng
Camat
masipoeng


Lokasi : Sungailiat, Bangka
Reputation : 5
Join date : 16.06.11

test pengetahuan ttg wayang - Page 2 Empty
PostSubyek: Re: test pengetahuan ttg wayang   test pengetahuan ttg wayang - Page 2 Icon_minitimeWed Mar 28, 2012 10:51 pm

Endah anglami-lami warninipun rembulan ingkang sumunar ngrengga memanising puri kadhaton indraloka, njalari saya tanpa timbang mboten wonten ingkang nyameni endahipun suyasa kencana griya emas punika, sorotipun sumunar pepindhanipun kados murub ing langit.. thok.. thok.. thok...
Kembali Ke Atas Go down
http://www.masipoeng.wordpress.com
Ngabehi_km
Lurah
avatar


Lokasi : jakarta
Reputation : 0
Join date : 17.10.08

test pengetahuan ttg wayang - Page 2 Empty
PostSubyek: Re: test pengetahuan ttg wayang   test pengetahuan ttg wayang - Page 2 Icon_minitimeThu Mar 29, 2012 10:55 am

Lha nek arep luwih gampang ngrasaake rasa sejati iku salah sawijini yen lagi cumbana karo pasangane, loro dadi siji nyawijeake roso lan karso, mula banjur ngasilake manungso (manunggaling karso lan rasa) ajib , klentu mboten mbah asmara yen ngoten iniki.
Kembali Ke Atas Go down
http://ngajitauhid.wordpress.com
Asmaraningtyas
Camat
Asmaraningtyas


Lokasi : Karangmojo
Reputation : 39
Join date : 08.01.09

test pengetahuan ttg wayang - Page 2 Empty
PostSubyek: Re: test pengetahuan ttg wayang   test pengetahuan ttg wayang - Page 2 Icon_minitimeThu Mar 29, 2012 1:04 pm

kwi isih tataran rasa njero nakmas...pancen kadadyaning manungsa iku tajalining Allah. ning enake wong kelon kwi dudu rasa sejati....
Kembali Ke Atas Go down
Sponsored content





test pengetahuan ttg wayang - Page 2 Empty
PostSubyek: Re: test pengetahuan ttg wayang   test pengetahuan ttg wayang - Page 2 Icon_minitime

Kembali Ke Atas Go down
 
test pengetahuan ttg wayang
Kembali Ke Atas 
Halaman 2 dari 2Pilih halaman : Previous  1, 2
 Similar topics
-
» Wayang Kulit Pukau Penonton Festival Wayang Hannover
» Hari Wayang 2016 “Wayang Cermin Kehidupan”
» Woro-woro "Wayang kulit & wayang Golek, Campursari Bintang Tamu Yati pesek..
» Sharing Pengetahuan
» Mesin Pencari Tercanggih di dunia maya

Permissions in this forum:Anda tidak dapat menjawab topik
FKOGK :: LOUNGE 'N CHIT-CHAT :: Kebatinan, Misteri dan Ghaib-
Navigasi: