WEDHATAMA
Mangkunegara IV
Pangkur
Mangkono ngelmu kang nyata,
Sanyatane mung weh reseping ati,
Bungah ingaranan cubluk,
Sukeng tyas yen dedina,
Nora kaya si Punggung anggung Gumunggung,
Ugungan sadina-dina,
Aja mangkono wong urip.
Sapantuk wahyuning Allah,
Gya dumilah mangulah ngelmu bangkit,
Bangkit mikat reh mangukut, kukutaning Jiwangga,
Yen mangkono kena sinebut wong epuh,
Lire sepuh sepi hawa,
Awas roroning atunggil.
Tan samar pamoring Suksma,
Sinukmaya winahya ing asepi,
Sinimpen telenging kalbu,
Pambukane warana,
Tarlen saking liyep layaping Aluyut,
Pindha pesating supena,
Sumusup ing rasa jati.
Sajatine kang mangkono,
Wus kakenan nugrahaning Hyang Widhi,
Bali alaming asuwung,
Tan karem karamean,
Ingkang sipat wisesa winisesa wus,
Mulih mula-mulanira,
Mulane wong anom sami.