FKOGK
Would you like to react to this message? Create an account in a few clicks or log in to continue.


Forum Komunitas Online Gunungkidul
 
IndeksJual BeliPortal FKOGKLatest imagesPencarianPendaftaranLogin

 

 sastra jendra hayuningrat pangruwating diyu

Go down 
+2
raxsheeds911
Wonosingo Ngali Kidul
6 posters
PengirimMessage
Wonosingo Ngali Kidul
Pengawas
Wonosingo Ngali Kidul


Lokasi : Gunungkidul
Reputation : 20
Join date : 06.05.08

sastra jendra hayuningrat pangruwating diyu Empty
PostSubyek: sastra jendra hayuningrat pangruwating diyu   sastra jendra hayuningrat pangruwating diyu Icon_minitimeFri Jul 11, 2008 11:33 am

Danareja muram…..
Dewi Sukesi dibakar gairah sastra jendra hayuningrat pangruwating diyu

Begawan Wisrawa menyulutkan matahari
Bermuka Batara Kamajaya yang turun ke bumi…

Disinilah dibawah bunga kemboja
Wisrawa membabar rahasia para dewa
Bumi berguncang, lautan bergejolak
Dosa-dosa memberontak

Pintu Kahyangan diketuk samudera darah
Batara Guru menunggang Nandi
Bersandingkan Dewi Uma
Merasuk Wisrawa - Sukesi

Burung Tadahasih menangis
Angkara Tertawa
Sejuta gamelan Lokananta meratap duka
Begawan Wisrawa – Dewi Sukesi terlahap dosa
Malam kelam berlabur jelaga

Danareja menangis....

Dibawah pohon-pohon tunjung sepi
Rahwana, Kumbakarna, Sarpakenaka terlahir
Wujud dosa dan sesal Wisrawa – Sukesi
Dari purwa itu pula terlahir Gunawan Wibisana
Satria tanpa cela pelipur lara
Wujud cinta sastra jendra

(Dari Anak Bajang Menggiring Angin, Sindhunata)
Kembali Ke Atas Go down
https://www.facebook.com/mahesatunggalika
raxsheeds911
Lurah
raxsheeds911


Lokasi : Ciledug
Reputation : 0
Join date : 09.06.08

sastra jendra hayuningrat pangruwating diyu Empty
PostSubyek: Re: sastra jendra hayuningrat pangruwating diyu   sastra jendra hayuningrat pangruwating diyu Icon_minitimeThu Jul 24, 2008 2:56 pm

Pakdhe mbok aku takon ki...
"SASTRA JENDRA HAYUNINGRAT" kuwi mau isine opo??? trus ono wacane mboten

Matur Sembah Nuwun
Kembali Ke Atas Go down
http://monetize2urblog.blogspot.com
exis don
eRTe
exis don


Lokasi : serpong tangerang
Reputation : 1
Join date : 06.10.09

sastra jendra hayuningrat pangruwating diyu Empty
PostSubyek: Re: sastra jendra hayuningrat pangruwating diyu   sastra jendra hayuningrat pangruwating diyu Icon_minitimeMon Oct 12, 2009 1:02 am

' SASTRO JENDRO HAYUNINGRAT PANGRUWATING DYU

MENURUT PEMAHAMAN SAYA KO ARTINYA JINAH LOH

BEGAWAN WISROWO KAUTUS DENING KANG PUTRA SANG PRABU DONOROJO KINEN NGLAMAR PUTRI KEDATON NGALENGKO DIROJO KANG SULISTYO ING WARNI KEKASIH DEWI SUKESIH

GANTI CERITA
ING TAMAN KAPUTREN KEDATON NGALENGKO DIROJO SANG DEWI KANG LAGI NAMDANG BT, ALIAS JENUH EN BOSAN MAKLUM WANITO PININGIT BAIK YANG DILIHAT MAUPUN YANG DIMAKAN HANYA ITU-2 SAJA GA BISA DUGEM, SAKING BT NYA SANG DEWI NENUWUN MARANG GUSTI AGAR SEGERA DIBERI PITUDUH OPO TO JATINE SING BISA GAWE MEMAREMANING PENGGALIH. DUK NALIKO NENDRO SANG DEWI NYUMPENO KARAWUHAN PANDITO NERANGAKEN YEN WONTEN INGKANG SAGED DAMEL MEMAREMANING PENGGALIH , ENDAH TAN BISO GINAMBAR, NIKMAT TAN BISO DEN CERITAAKE, INGGIH PUNIKU KANG KASEBAT "SASTRO JENDRO HAYUNINGRAT PANGRUWATING DYU" JLENG SANG DEWI WUNGU BREBET MLAYU SIPAT KUPING NGGOLEKI BABAKE, PAK...PAK ANAKAKE SAYEMBORO, SAYEMBORO OPO TO NDUK UNINE SAYEMBORO NGENE " SOPO WONGE SING BISO MEDARAKEN/NJABARAKEN YANG DISEBUT " SASTRO JENDRO HAYUNINGRAT PANGRUWATING DYU, MENOWO KAKUNG AREP TAK PEK BOJO, YEN PUTRI TAK DADIAKE SEDULUR SINOROWEDI" begitulah kira-2 bunyi pariworo tersebut.

singkat cerita sayembara dah dilaksanakan ......puluhan bahkan ratusan peserta ga ada yang bisa minangkani pamundute risang dewi.
tibalah giliran risang begawan

begawan wisrowo saguh medaraken apa yang disebut " sastro jendro hayuningrat pangruwating dyu " ning ono syarate
sarate :
1. didalam menjabarkan sastro jendro ga boleh ada yang dengar kejobo risang dewi, bebasan suket watu lan gegodongan tan keno mireng.
2. didalam ruang gelap en tertutup ga boleh ada lubang walau selebar lubang jarum ( biar ga ada yang ngintip. red)
3. ga boleh ngagem busono walau selembar benang sekalipun alias bugil.
4. menyatukan jasad pet rapet tan ono selo.

konon sang dewi nyanggupi.
Kembali Ke Atas Go down
exis don
eRTe
exis don


Lokasi : serpong tangerang
Reputation : 1
Join date : 06.10.09

sastra jendra hayuningrat pangruwating diyu Empty
PostSubyek: Re: sastra jendra hayuningrat pangruwating diyu   sastra jendra hayuningrat pangruwating diyu Icon_minitimeMon Oct 12, 2009 1:03 am

kocap kacarito
nalika sang dewi sing lagi bugil bersentuhan dengan kulit sang begawan juga yang lagibugil en naliko kulit sang dewi den usap dening sang begawan lalu byarrrr.. tubuh sang dewi bergetar. mata merem ning kaya weruh keindahan yang luar biasa, dalam batin sang dewi ya inilah yang disebut endah tan biso ginambar nikmat tan biso den ceritaaken enak kepenak nikmat kaliwat-liwat mungkin inilah sing disebut sastro jendro hayuningrat pangruwating dyu, saking enake dalam hati sang dewi nenuwun marang gustu agar kejadian ini jangan sampai berakhir terusss.. terusss.. en tancep terus sampai jontor.

salah kedaden
sang dewi anggarbini alias bunting tanpa nikah.

singkat cerita sang dewi melahirkan :
1. lahir putra gagah pidekso siunge mingis-2 raine sepuluh maka anak ini diberi nama DASAMUKA dan anak inilah kelak yang menjadi biang angkara murka (dasamuka lahir dan hidup hanya untuk mengejar wanita titisane dewi widowati/dewi suprobo)
2. lahir putri punya sisik dikulit seperti ular maka anak ini diberi nama serpo kenoko ( serpo kenoko lahir dan higup hanya untuk menegar kelicikan)
3. lahir putra gagah pidekso siung mingis-2 gede duwur bak pitung gunung gedene anak ini diberi nama kumbo karno (kumbo karno lahir dan hidup hanya untuk mengabdi pada ratu gustine/bangsa lan negarane mbuh ra idep apapu yang dibuat oleh ratu gustine yang penting raja itu harus dibela sampai mati.
4. lahir putra bagus warnane titis lan winasis anak ini diberi nama gunawan wibisono(wibisono lahir dan higup untuk membela kebenaran seperti cak gusdur maju tak gentar membela yang benar biar raja kalo salah harus dilawan, biar pun sampai diusir dari negaranya.
Kembali Ke Atas Go down
exis don
eRTe
exis don


Lokasi : serpong tangerang
Reputation : 1
Join date : 06.10.09

sastra jendra hayuningrat pangruwating diyu Empty
PostSubyek: Re: sastra jendra hayuningrat pangruwating diyu   sastra jendra hayuningrat pangruwating diyu Icon_minitimeMon Oct 12, 2009 1:04 am

ganti cerita
kenapa disebut sastro jendro hayuningrat pangruwatung dyu

1 sastro jendro hayuningrat = artinya orang baik berbudi luhur senantiasa menggayuh kaluhuran /keselamatn seneng weh kawruh lan piwulang jati agar dapat mencapai kaluhuran dan keselamatan sejati.

2. pangruwating dyu
la ini kenapa ko pangruwating dyu seharusnya yang diruwat itu kan satrio supoyo kalis ing sambikolo lo ko malah dyu.
kalao kalimat itu mumpunyai nilai luhur seharusnya bunyinya begini " sastro jendro hayuningrat pangruwating kusumo"

kang awatak dyu = itu adalah sifat panasnya hawa nafsu
jadi pangruwating dyu = artinya menumbuh subur kembangkan sifat angkara murka

arti lengkapnya :
dari seorang yang baik berbudi pekerti luhur,tansah nggayuh kamulyan jati seneng weh kawruh lan piwulang jati dedegeng pandito yang mempunya sesebutan/sumpah berbunyi " hong wilaeng awignyo bawono langgeng " senanti asa menggayuh keselamatan en kaluhuran jati (gambaran begawan wisrowo.red) tetapi dari orang seperti inilah yang akan menumbuh subur kembangkan sifat angkara murka (gambaran rahwono/dasamuka)

jadi sastro jendro hayuningrat hanyalah sebuah pepeling :

dadi wong urip mono ojo mung ko deleng lakujantraning sing kambang/ orang hidup itu jangan cuma dilihat lahirnya saja
akeh contone : kelihatan priyai, ketoke santri, ustad, kiyai, pokoke wis yen dilihat tata lahir itu apik tenan. polahe lan tingkah lakune ya apik. ilmune seluas samudra yen ceramah wis gayeng tenan pokoke digoleti sejuta umat, ning... sekali lagi ning... sopo ngiro menowo atine ternyata durhangkoro, bapake kiyai kondang anake dugem. narkoba en maling dll coba apa sing salah anake ga la yaw opo to sebabe, karena pak kiyai dadi kiyai kae mung takan lahire tok ga sampai bating ngono, koyo dene si wisrowo ketoke lahire apik ning jebul atine durhangkoro.

sing salah dudu dasamuka tapi coba lihat si wisrowo, dia bukan orang yang amanah, disusur nglamar malah diembat sendiri, ngembat anak orang sampai bunting tanpa nikah tanpa nikah nah apa itu bukan jinah rak jinah toh dan hasile opo angkara murka kan....
Kembali Ke Atas Go down
exis don
eRTe
exis don


Lokasi : serpong tangerang
Reputation : 1
Join date : 06.10.09

sastra jendra hayuningrat pangruwating diyu Empty
PostSubyek: Re: sastra jendra hayuningrat pangruwating diyu   sastra jendra hayuningrat pangruwating diyu Icon_minitimeMon Oct 12, 2009 1:04 am

Mbok arep diwolak walik koyo opo, mbok critane dibumbui harumnya kembang sak jagat, wangian sak ndonya, en mbok ceritanya diperhalus bak sehalus tepung segitiga biru, di umbul duwur sampai langit sap tujuh tetap sastro jendro itu jinah dan watak tidak amanah.

Dasare :
1, disuruh nglamar malah dimbat sendiri = orang yang tidak amanah
2. menghamili anak orang tanpa nikah = jinah
.
Kembali Ke Atas Go down
kandar
Presidium
kandar


Lokasi : jakarta asli Kemiri, Tanjung sari
Reputation : 25
Join date : 23.08.08

sastra jendra hayuningrat pangruwating diyu Empty
PostSubyek: Re: sastra jendra hayuningrat pangruwating diyu   sastra jendra hayuningrat pangruwating diyu Icon_minitimeTue Oct 13, 2009 12:00 pm

Wech pepelinge apik tenan...

Ning pripun nggih kok sakniki dadi budaya ( sastra jendra hayuningrat pangruwating diyu)
niki... kathah tiyang ingkang MBA (merit by accident) ?.
Nopo sing dijupuk namung sing enak2 kemawon nganti lupa daratan?

Duch gusti mugo pinaringan kekuatan supados saget mendidik anak putu..
amien..
Kembali Ke Atas Go down
http://syifauwongmantren.multiply.com
exis don
eRTe
exis don


Lokasi : serpong tangerang
Reputation : 1
Join date : 06.10.09

sastra jendra hayuningrat pangruwating diyu Empty
PostSubyek: Re: sastra jendra hayuningrat pangruwating diyu   sastra jendra hayuningrat pangruwating diyu Icon_minitimeWed Oct 14, 2009 1:36 am

NGELMU KEJAWEN
YANG TERTULIS PADA HURUF
HO NO TJA RO KO, DO TO SA WO LO, PO DO JA YO NYO, MO GO BA TO NGO

HO NO KUWI HURUF LORO KANG ISIH NGLEGENO, DUA HURUF SING ISIH BAKU, TEGESE ONO KANG DURUNG ANA, KOYO UCAPAN KANG DURUNG KAWEDARING LISAN, ANGEN-ANGEN KANG DURUNG TEKAN KASUNYATAN
HO NO DIIBARATAKEN BAYI KANG DURUNG LAHIR, KEHIDUPAN ONO ING JAGAT GUO GARBO, KEHIDUPAN ONO ING ALAM KANDUNGAN

TJA RO KO, TJITA ROSO LAN KARSO, KUWI GEBYARING WONG AURIP ING NGARCOPODO, MOBAH MOSIKING JAWOTONING NGARCOPODO/NGALAM DUNYA, TATA GELAR KEHIDUPAN DI ALAM DUNIA

DO TO SA WO LO, DZAT KANG TANPO SAWOLO, TEGESE URIP ONO ING NGALAM DUNYA KUWI MUNG SADERMO NGLAKONI, URIP ONO SING GAWE URIP, URIP ONO SING NGURIPI.

PO DO JA YO NYO, TEGESE URIP ONO ING NGALAM DUNYA KUWI ONO RONG PERKORO, ALA LAN BECIK, ANGKORO LAN KUSUMO, MANUNGSO KUWI DIWEHI WENANG MILIH AREP MILIH BECIK OPO MILI OLO, LAN LORO-LORONE PODO ABOT SANGGANE, PODO GEDE PITUKONE LAN PODO GEDE RISIKONE

MO GO, MO TEGSE SUKMO, GO TEGESE ROGO, LAMON MO PISAH LAWAN GO, ARTINE SUKMO PISAH LAWAN RAGANE, SUKMO PECAT/ONCAT MARANG RAGANE, ALIAS MATI IKU WIS GA BOLEH MILIH, MUNG KERI NGUNDUH WOHING PAKART, SOPO KANG NANDUR OLO YO PANEN OLO LAN SOPO KANG NANDUR BECIK YO PANEN BECIK.

BA, BA KUWI ONO RONG PERKORO, BA TUMRAPI ROGO, TIBO NDEPANI BANTOLO, BALI MARANG SANGKAN PARANING DUMADI ROGO ASALE DARI TANAH BALI MARANG ASALE DADI TANAH. BA TUMRAPING SUKMO TEGESE BALI, BALI ONO NGENDI, BALI MARANG KANG TO, KANG WIS CETO UTOWO KANG PINESTI, PINESTINE SOPO, YO PINESTINE KANG NGO, NGO KUWI TEGESE NGARSO, NGARSONE SOPO YO NGARSONE KANG GAWE URIP, YO KUWI gUSTI KANG MURBENG DUMADI

BA
Kembali Ke Atas Go down
kandar
Presidium
kandar


Lokasi : jakarta asli Kemiri, Tanjung sari
Reputation : 25
Join date : 23.08.08

sastra jendra hayuningrat pangruwating diyu Empty
PostSubyek: Re: sastra jendra hayuningrat pangruwating diyu   sastra jendra hayuningrat pangruwating diyu Icon_minitimeWed Oct 14, 2009 9:48 am

suwun kang pitedah lan pepelingipun, mugi2 saget ndamel gesang lurus ingkang sampun dipun ridhoi dumateng gusti..
Kembali Ke Atas Go down
http://syifauwongmantren.multiply.com
exis don
eRTe
exis don


Lokasi : serpong tangerang
Reputation : 1
Join date : 06.10.09

sastra jendra hayuningrat pangruwating diyu Empty
PostSubyek: Re: sastra jendra hayuningrat pangruwating diyu   sastra jendra hayuningrat pangruwating diyu Icon_minitimeWed Oct 28, 2009 9:06 am

Ketuhanan
1. Pangeran iku siji, ana ing ngendi papan langgeng, sing nganakake jagad iki saisine dadi sesembahane wong sak alam kabeh, nganggo carane dhewe-dhewe.
2. Pangeran iku ana ing ngendi papan, aneng siro uga ana pangeran, nanging aja siro wani ngaku pangeran.
3. Pangeran iku adoh tanpa wangenan, cedhak tanpa senggolan.
4. Pangeran iku langgeng, tan kena kinaya ngapa, sangkan paraning dumadi.
5. Pangeran iku bisa mawujud, nanging kabeh wewujudan iku dudu Pangeran.
6. Pangeran iku kuwasa tanpa piranti, akarya jagat saisine, kang katon lan kang ora katon
7. Pangeran iku ora mbedak-mbedakake kawulane.
8. Pangeran iku maha welas lan maha asih hayuning bawana marga saka kanugrahaning Pangeran.
9. Pangeran iku maha kuwasa, pepesthen saka karsaning Pangeran ora ana sing bisa murungake.
10. Urip iku saka Pangeran, bali marang Pangeran.
11. Pangeran iku ora sare.
12. Beda-beda pandumaning dumadi.
13. Pasrah marang Pangeran iku ora ateges ora gelem nyambut gawe, nanging percaya yen Pangeran iku maha Kuwasa. Dene kasil orane apa kang kita tuju kuwi saka karsaning Pangeran.
14. Pangeran nitahake sira iku lantaran biyung ira, mulo siro kudu ngurmati marang biyung ira.
15. Sing bisa dadi utusaning Pangeran iku ora mung jalma manungsa wae. Pangeran ora kangelan nitahake marang opo wae biso ka utus.
16. Purwa madya wasana.
17. Owah gingsiring kahanan iku saka karsaning Pangeran kang murbeng jagad.
Kembali Ke Atas Go down
exis don
eRTe
exis don


Lokasi : serpong tangerang
Reputation : 1
Join date : 06.10.09

sastra jendra hayuningrat pangruwating diyu Empty
PostSubyek: Re: sastra jendra hayuningrat pangruwating diyu   sastra jendra hayuningrat pangruwating diyu Icon_minitimeWed Oct 28, 2009 9:07 am

18. Ora ana kasekten sing biso madhani marang pepesthen awit pepesthen iku ora ana sing bisa murungake.
19. Bener kang asale saka Pangeran iku lamun ora darbe sipat angkara murka lan seneng gawe sangsaraning liyan.
20. Ing donya iki ana rong warna sing diarani bener, yakuwi bener mungguhing Pangeran lan bener saka kang lagi kuwasa.
21. Bener saka kang lagi kuwasa iku uga ana rong warna, yakuwi kang cocok karo benering Pangeran lan kang ora cocok karo benering Pangeran.
22. Yen cocok karo benering Pangeran iku ateges bathara ngejawantah, nanging yen ora cocok karo benering Pangeran iku ateges titisaning brahala.
23. Pangeran iku dudu dewa utawa manungsa, nanging sakabehing kang ana iki uga dewa lan manungsa asale saka Pangeran.
24. Ala lan becik iku gandengane, kabeh kuwi saka karsaning Pangeran.
25. manungsa iku saka dating Pangeran mula uga darbe sipating Pangeran.
26. Pangeran iku ora ana sing Padha, mula aja nggambar-nggambarake wujuding Pangeran.
27. Pangeran iku kuwasa tanpa piranti, mula saka kuwi aja darbe pangira yen manungsa iku bisa dadi wakiling Pangeran.
28. Pangeran iku kuwasa, dene manungsa iku bisa.
29. Pangeran iku bisa ngowahi kahanan apa wae tan kena kinaya ngapa.
30. Pangeran bisa ngrusak kahanan kang wis ora diperlokake, lan bisa gawe kahanan anyar kang diperlokake.
31. Watu kayu iku darbe dating Pangeran, nanging dudu Pangeran.
32. Manungsa iku bisa kadunungan dating Pangeran, nanging aja darbe pangira yen manungsa mau bisa diarani Pangeran.
33. Titah alus lan titah kasat mata iku kabeh saka Pangeran, mula aja nyembah titah alus nanging aja ngina titah alus.
Kembali Ke Atas Go down
exis don
eRTe
exis don


Lokasi : serpong tangerang
Reputation : 1
Join date : 06.10.09

sastra jendra hayuningrat pangruwating diyu Empty
PostSubyek: Re: sastra jendra hayuningrat pangruwating diyu   sastra jendra hayuningrat pangruwating diyu Icon_minitimeWed Oct 28, 2009 9:09 am

34. Samubarang kang katon iki kalebu titah kang kasat mata, dene liyane kalebu titah alus.
35. Pangeran iku menangake manungsa senajan dikaya ngapa.
36. Pangeran maringi kawruh marang manungsa bab anane titah alus mau.
37. Titah alus iku ora bisa dadi manungsa lamun manungsa dhewe ora darbe penyuwun marang Pangeran supaya titah alus mau ngejawantah.
38. Sing sapa wani lan biso ngowahi kahanan kang lagi ana, iku dudu sadhengah wong, nanging minangka utusaning Pangeran.
39. Sing sapa gelem nglakoni kabecikan lan ugo gelem lelaku topo, ing tembe bakal tampa kanugrahaning Pangeran.
40. Sing sapa ngakoni lamun piyandel iku kanggo pathokaning urip, iku sejatine durung ngerti lamun ana ing donyo iki ono sing ngatur.
41. Sakabehing ngelmu iku asale saka Pangeran kang Mahakuwasa.
42. Sing sapa mikani anane Pangeran, kalebu urip kang sempurna.

Kerohanian
1. Dumadining sira iku lantaran anane bapa biyung ira.
2. Manungsa iku kanggonan sipating Pangeran. Mulo manungso ugo darbe sipating pangeran.
3. Titah alus iku ana patang warna, yakuwi kang bisa mrentah manungsa
nanging ya bisa mitulungi manungsa, kapindho kang bisa mrentah manungsa nanging ora mitulungi manungsa, katelu kang ora bisa mrentah manungsa nanging bisa mitulungi manungsa, kapat kang ora bisa mrentah manungsa nanging ya ora bisa mitulungi manungsa.
4. Lelembut iku ana rong warna, yakuwi kang nyilakani lan kang mitulungi.
5. Guru sejati bisa nuduhake endi lelembut sing mitulungi lan endi lelembut kang nyilakani.
6. Ketemu Gusti iku lamun sira tansa eling marang gustine.
7. Cakra manggilingan.
8. Jaman iku owah gingsir.
Kembali Ke Atas Go down
exis don
eRTe
exis don


Lokasi : serpong tangerang
Reputation : 1
Join date : 06.10.09

sastra jendra hayuningrat pangruwating diyu Empty
PostSubyek: Re: sastra jendra hayuningrat pangruwating diyu   sastra jendra hayuningrat pangruwating diyu Icon_minitimeWed Oct 28, 2009 9:10 am

9. Gusti iku dumunung ana atining manungsa kang becik, mulo iku diarani Gusti iku bagusing ati.
10. Sing sapa nyumurupi dating Pangeran iku ateges nyumurupi awake dhewe. Dene kang durung mikani awake dhewe durung mikani dating Pangeran.
11. Kahanan donya ora langgeng, mula aja ngegungake kesugihan lan drajat ira, awit samangsa ana wolak-waliking jaman ora ngisin-ngisini.
12. Kahanan kang ana iki ora suwe mesthi ngalami owah gingsir, mula aja lali marang sapadha-padhaning tumitah.
13. Lamun sira kepengin mikan marang alam jaman kelanggengan, sira kudu weruh alamira pribadi. Lamun sira durung mikan alamira pribadi adoh ketemune.
14. Yen sira wus mikani alamira pribadi, mara sira mulanga marang wong kang durung wikan.
15. Lamun sira wus mikani alamira pribadi, alam jaman kelanggengan iku cedhak tanpa senggolan, adoh tanpa wangenan.
16. Lamun sira durung mikan alamira pribadi mara takono marang wong kang wus mikan.
17. Lamun sira durung mikan kadangira pribadi, coba dulunen sira pribadi.
18. Kadangira pribadi ora beda karo jeneng sira pribadi.
19. Gusti iku sambaten naliko sira lagi nandang kasangsaran. Pujinen yen sira lagi nampa kanugrahaning Gusti.
20. Lamun sira pribadi wus bisa caturan karo lelembut, mesthi sira ora bakal ngala-ala marang wong kang wus bisa caturan karo lelembut.
21. Sing sapa nyembah lelembut ikut keliru, jalaran lelembut iku sejatine rowangira, lan ora perlu disembah kaya dene manembah marang Pangeran.
22. Weruh marang Pangeran iku ateges wis weruh marang awake dhewe, lamun durung weruh awake dhewe, tangeh lamun weruh marang Pangeran.
Kembali Ke Atas Go down
exis don
eRTe
exis don


Lokasi : serpong tangerang
Reputation : 1
Join date : 06.10.09

sastra jendra hayuningrat pangruwating diyu Empty
PostSubyek: Re: sastra jendra hayuningrat pangruwating diyu   sastra jendra hayuningrat pangruwating diyu Icon_minitimeWed Oct 28, 2009 9:12 am

23. Sing sapa seneng ngrusak katentremane liyan bakal dibendu dening Pangeran lan diwelehake dening tumindake dhewe.
24. Lamun ana janma ora kepenak, sira aja lali nyuwuno pangapura marang Pangeranira, jalaran Pangeranira bakal aweh pitulungan.
25. Gusti iku dumunung ana jeneng sira pribadi, dene ketemune Gusti lamun sira tansah eling marang gustine

Kemanusiaan
1. Rame ing gawe sepi ing pamrih, memayu hayuning bawana.
2. Manungsa sadrema nglakoni, kadya wayang umpamane.
3. Ati suci marganing rahayu.
4. Ngelmu kang nyata, ngelmu kang biso gawe reseping ati.
5. Ngudi laku utama kanthi sentosa ing budi..
6. Jer basuki mawa beya.
7. Ala lan becik dumunung ana awake dhewe.
8. Sing sapa lali marang kebecikaning liyan, iku kaya kewan.
9. Titikane aluhur, alusing solah tingkah budi bahasane lang legawaning ati, darbe sipat berbudi bawaleksana.
10. Ngunduh wohing pakarti..
11. Ajining dhiri saka lathi lan budi.
12. Sing sapa weruh sadurunge winarah lan diakoni sepadha-padhaning tumitah iku kalebu utusaning Pangeran.
13. Sing sapa durung mikan anane jaman kelanggengan iku, aja ngaku dadi janma kang linuwih.
14. Ati kang tentrem iku saranane urip aneng donya.
15. Yitna yuwana lena kena.
16. Ala ketera becik ketitik.
17. Dalane waskitha margo saka gelem niteni.
18. Janma tan kena kinira dikinaya ngapa.
19. Tumrap wong lumuh lan keset iku prasasat wisa, pangan kang ora bisa ajur iku kena diarani wisa, jalaran mung bakal nuwuhake lelara.
Kembali Ke Atas Go down
exis don
eRTe
exis don


Lokasi : serpong tangerang
Reputation : 1
Join date : 06.10.09

sastra jendra hayuningrat pangruwating diyu Empty
PostSubyek: Re: sastra jendra hayuningrat pangruwating diyu   sastra jendra hayuningrat pangruwating diyu Icon_minitimeWed Oct 28, 2009 9:12 am

20. Klabang iku wisane ana ing sirah. Kalajengking iku wisane mung ana pucuk buntut. Yen ula mung dumunung ana ing taring eula kang duwe wisa. Nanging durjana wisane dumunung ana ing sekujur badan.
21. Geni murub iku panase ngluwihi panase srengenge, ewa dene umpama ditikelake loro, isih kalah panas tinimbang panase hawa napsu angkoro
22. Tumprape wong linuwih kuwi tansah ngundi keslametaning liyan, metu saka atine dhewe.
23. Pangucap iku bisa dadi jalaran kebecikan. Pangucap uga dadi jalaraning pati, biso gawe kesangsaran, biso gawe putusing pamitran. Pangucap uga dadi jalaraning wirang.
24. Sing bisa gawe mendem iku: 1) rupa endah; 2) bandha, 3) dharah luhur; 4) enom umure. Arak lan kekenthelan uga gawe mendem sadhengah wong. Yen ana wong sugih, endah warnane, akeh kapinterane, tumpuk-tumpuk bandhane, luhur dharah lan isih enom umure, mangka ora mendem, yakuwi aran wong kang linuwih.
25. Sing sapa lena bakal cilaka.
26. Mulat salira, tansah eling kalawan waspada.
27. Duwe sifat rendah hati lan andhap asor.
28. Sakbegja-begjane wong kang lali luwih begja wong kang tansah eling klawan waspada.
29. Sing sapa salah bakal seleh.
30. Nglurug tanpa bala.
31. Sugih ora nyimpen.
32. Sekti tanpa maguru.
33. Menang tanpa ngasorake
34. Rawe-rawe rantas malang-malang putung
35. Mumpung anom ngudiya laku utama.
Kembali Ke Atas Go down
exis don
eRTe
exis don


Lokasi : serpong tangerang
Reputation : 1
Join date : 06.10.09

sastra jendra hayuningrat pangruwating diyu Empty
PostSubyek: Re: sastra jendra hayuningrat pangruwating diyu   sastra jendra hayuningrat pangruwating diyu Icon_minitimeWed Oct 28, 2009 9:18 am

36. Yen sira dibeciki ing liyan, tulisen ing watu, supaya ora ilang lan tansah kelingan. Yen sira gawe kebecikan marang liyan tulisen ing lemah, supaya enggal ilang lan ora kelingan.
37. Sing sapa temen bakal tinemu.
38. Melik nggendhong lali.
39. Kudu sentosa ing budi.
40. Sing prasaja.
41. Balilu tau pinter durung nglakoni.
42. Tumindak kanthi duga lan prayogo.
43. Percaya marang dhiri pribadi.
44. Gelem nandur kebecikan marang sepada-paneng titah..
45. Janma linuwih iku bisa nyumurupi anane jaman kelanggengan tanpa ngalami pralaya dhisik.
46. Sapa kang mung ngakoni barang kang kasat mata wae, iku durung weruh jatining Pangeran.
47. Yen sira kasinungan ngelmu kang marakake akeh wong seneng, aja sira malah rumangsa pinter, jalaran menawa Gusti mundhut bali ngelmu kang marakake sira kaloka iku, sira uga banjur kaya wong sejene, malah bisa dadi aji godhong jati aking.
48. Sing sapa gelem gawe seneng marang liyan, iku bakal oleh wales kang luwing gedhe katimbang apa kang wis ditindakake.
Kembali Ke Atas Go down
wahyudi
Alm.
wahyudi


Lokasi : ujung mberuk teluk penyu
Reputation : 1
Join date : 01.06.08

sastra jendra hayuningrat pangruwating diyu Empty
PostSubyek: Re: sastra jendra hayuningrat pangruwating diyu   sastra jendra hayuningrat pangruwating diyu Icon_minitimeTue Nov 03, 2009 2:02 pm

melu urun rembuk kang neng menurut pendapatku sastra jendra hayuningrat pangruwating diyu merupakan suatu peljaran bahwa manusia punya watAK yang harus dikendalikan bisa mebawa diri dan bisa memposisikan diri dimana watak itu harus keluar dan harus dijaga. setan dlam diri manusia digambarkan 3 anak dewi sukesi Dasamuko.sarpo kenoko dan rahwana simbol nafsu atau watak yang harus kita kendalikan dalm diri sedangkan gunawan wibisono merupakan wtak baik atau sisi baik dari setiap manusia yang harus kita olah supya bisa mencapai titik JENDRA PANGRUWATING DIYU. DALAM ARTI BISA MENCAPI KESMPURNAAN HIDUP.
Kembali Ke Atas Go down
kandar
Presidium
kandar


Lokasi : jakarta asli Kemiri, Tanjung sari
Reputation : 25
Join date : 23.08.08

sastra jendra hayuningrat pangruwating diyu Empty
PostSubyek: Re: sastra jendra hayuningrat pangruwating diyu   sastra jendra hayuningrat pangruwating diyu Icon_minitimeTue Nov 03, 2009 2:40 pm

wahyudi wrote:
melu urun rembuk kang neng menurut pendapatku sastra jendra hayuningrat pangruwating diyu merupakan suatu peljaran bahwa manusia punya watAK yang harus dikendalikan bisa mebawa diri dan bisa memposisikan diri dimana watak itu harus keluar dan harus dijaga. setan dlam diri manusia digambarkan 3 anak dewi sukesi Dasamuko.sarpo kenoko dan rahwana simbol nafsu atau watak yang harus kita kendalikan dalm diri sedangkan gunawan wibisono merupakan wtak baik atau sisi baik dari setiap manusia yang harus kita olah supya bisa mencapai titik JENDRA PANGRUWATING DIYU. DALAM ARTI BISA MENCAPI KESMPURNAAN HIDUP.

Ooo mekaten nggih kang, kulo ternyata dereng saget maos pithedhah2 ingkang tersirat...
Kembali Ke Atas Go down
http://syifauwongmantren.multiply.com
Asmaraningtyas
Camat
Asmaraningtyas


Lokasi : Karangmojo
Reputation : 39
Join date : 08.01.09

sastra jendra hayuningrat pangruwating diyu Empty
PostSubyek: Re: sastra jendra hayuningrat pangruwating diyu   sastra jendra hayuningrat pangruwating diyu Icon_minitimeTue Nov 03, 2009 3:06 pm

wahyudi wrote:
melu urun rembuk kang neng menurut pendapatku sastra jendra hayuningrat pangruwating diyu merupakan suatu peljaran bahwa manusia punya watAK yang harus dikendalikan bisa mebawa diri dan bisa memposisikan diri dimana watak itu harus keluar dan harus dijaga. setan dlam diri manusia digambarkan 3 anak dewi sukesi Dasamuko.sarpo kenoko dan rahwana simbol nafsu atau watak yang harus kita kendalikan dalm diri sedangkan gunawan wibisono merupakan wtak baik atau sisi baik dari setiap manusia yang harus kita olah supya bisa mencapai titik JENDRA PANGRUWATING DIYU. DALAM ARTI BISA MENCAPI KESMPURNAAN HIDUP.

Bener ning rung pener dik....

dasamuka, kumbakarna, sarpkenakalan gunawan wibisana. kuwi kakang adi....sing nggambarake kahanan nafsune menungsa: nafsu amarah, aluamah, supiyah, lan nafsu mutmainah.

daamuka iku lambang nafsu amarah....nafsu brangasan
kumba karna iku gambaran nafsu mangan mula critane nek kumbakarna nguntal enteke okeh...lah sarpakenaka iku gambaran nafsu sex nafsu supiyah utawa madon. sing karri dhewe gunawan wibisana(wayange ngganteng) iku gambaran nafsune manungsa sing pingin tumindak becik....mutmainah.

nah patang nafsu iku kabeh kudu dijaga masalahe kabeh nafsu iku yen nganti ora bisa dikendaleni bakal ala kabeh tumraping manungsa. dudu sing nafsu mutmainah kudu njaga 3 nafsu liyane...ning manungsa kudu njaga npatang nafsune iku....
Kembali Ke Atas Go down
Sponsored content





sastra jendra hayuningrat pangruwating diyu Empty
PostSubyek: Re: sastra jendra hayuningrat pangruwating diyu   sastra jendra hayuningrat pangruwating diyu Icon_minitime

Kembali Ke Atas Go down
 
sastra jendra hayuningrat pangruwating diyu
Kembali Ke Atas 
Halaman 1 dari 1
 Similar topics
-
» sastra adiluhung
» sastra / iterature
» SASTRA GENDENG (gabung ya)
» Karya karya Sastra

Permissions in this forum:Anda tidak dapat menjawab topik
FKOGK :: ALL ABOUT GUNUNGKIDUL :: Kesenian Daerah-
Navigasi: