FKOGK
Would you like to react to this message? Create an account in a few clicks or log in to continue.


Forum Komunitas Online Gunungkidul
 
IndeksJual BeliPortal FKOGKLatest imagesPencarianPendaftaranLogin

 

 kudengar lagu kenangan...cublak cublak suweng...

Go down 
+8
gimbik
wiwid
masipoeng
bowo_wahyu
igunawan
Ipung Purwanto
rizky
Asmaraningtyas
12 posters
PengirimMessage
Asmaraningtyas
Camat
Asmaraningtyas


Lokasi : Karangmojo
Reputation : 39
Join date : 08.01.09

kudengar lagu kenangan...cublak cublak suweng... Empty
PostSubyek: kudengar lagu kenangan...cublak cublak suweng...   kudengar lagu kenangan...cublak cublak suweng... Icon_minitimeSun Oct 17, 2010 12:52 am

yoooo sedulur sedulur nembang maneh kaya duk nalika isih jaman nayarana....

CUBLAK-CUBLAK SUWENG
cublak cublak suweng.. suwenge ting gelenter..
mambu kepundung gudel (maksude tai kebo)
tak demplo lera-lere
sopo ngguyu ndelikkake
sir-sir pong dhele kopong
sir sir pong dhele kopong
sisil nguwong

Sluku-sluku bathok

Sluku-sluku bathok
bathoke ela-elo
si romo menyang solo
oleh-olehe payung moda
tak jenthir ololobah
wong mati ora obah
yen obah medeni bocah
yen urip nggoleko dhuwit

Gotri nagasari

gotri legendri nogosari, ri
riwul iwal- iwul jenang katul, tul
tulen olen-olen dadi manten, ten
tenono mbesuk gedhe dadi opo, po
podheng mbako enak mbako sedeng, deng
dengklok engklak-engklok koyo kodok

Dayohe Teka

Ei.., dayohe teko,
Ei.., jerengno kloso,
Ei.., klosone bedah,
Ei.., tambalen jadah,
Ei.., jadahe mambu,
Ei.., pakakno kata ini dilarang,
Ei.., asune mati,
Ei.., guwangen kali,
Ei.., kaline banjir
Te Kate Dipanah
Te kate dipanah
Dipanah ngisor gelagah
Ana manuk onde-onde
Mbok sirbombok mbok sirkate
Mbok sirbombok mbok sirkate

Gek kepriye

Duh kaya ngene rasane
Anake wong ora duwe
Ngalor ngidul tansah diece
Karo kanca kancane
Pye pye pye pye ya ben rasakna
Pye pye pye pye rasakna dewe
Pye pye pye pye ya ben rasakna
Pye pye pye pye rasakna dewe

Pitik Tukung

Aku duwe pitik pitik tukung
Saben dina tak pakani jagung
Petok gok petok petok ngendok pitu
Tak ngremake netes telu
Kabeh trondol trondol tanpa wulu
Mondol mondol dol gawe guyu

Ilir-ilir

Lir ilir..lir ilir..tanduré wus sumilir Tak ijo royo¬royo..taksengguh temantèn anyar
Cah angon.cah angon..pènèkké blimbing kuwi , Lunyu-lunyu ya pènèken kanggo masuh dodotira
Dodotira dodotira kumitir bedhah ing pinggir Dondomana jlumatana kanggo séba méngko soré Mumpung padhang rembulané
Mumpung jembar kalangané Ya suraka..surak horéé

Kate – Kate Dipanah

Te kate dipanah
dipanah ngisor nggelagah
ana manuk ondhe ondhe
Mbok sir bombok bok sir kate
Mbok sir bombok mbok sir kate

Menthok – menthok

Menthok menthok tak kandhani
Saksolahmu angisi-isini
Mbok ya aja ngetok
Ana kandhang wae
Enak-enak ngorok ora nyambut gawe
Menthok-menthok mung lakumu
Megal-megol gawe guyu

Kupu Kuwi

Kupu kuwi tak encupe
Mung abure ngewuhake
Ngalor-ngidul
Ngetan bali ngulon
Mrana-mrene mung sak paran-paran
Mbokya mencok tak encupe
Mentas mencok clegrok
Banjur mabur kleper

Cempa

Cempa rowa
Pakananmu apa rowa
Tuku gendhing ndhing ndhing ndhing
Rowang rawing wing wing wing
Bong kecebong jarane jaran bopong
Sing nunggangi Semar Bagong
Ecrek-enong ecrek-egung ecrek-enong ecrek-egung

Jago Kate

Jago kate te te te
Kukukluruk … kok
Amecece ce ce ce
Kukukluruk
Dibalang watu bocah kuncung
Keok … kena telehe
Njranthal … pelayune
Mari umuk mari ngece
Si kate katon nyekukruk

PADANG MBULAN

Yo, poro konco dolanan ning jobo
Padang mbulan, padange koyo rino
Rembulane sing ngawe-awe
Ngelingake ojo podo turu sore


JAMURAN

Jamuran... jamuran...ya ge ge thok...
jamur apa ya ge ge thok...
Jamur payung, ngrembuyung kaya lembayung,
sira badhe jamur apa?

KODOK NGOREK

Kodok ngorek kodok ngorek ngorek pinggir kali
teyot teblung teyot teblungteyot teyot teblung
Bocah pinter bocah pinter besuk dadi dokter
bocah bodho bocah bodho besuk kaya kebo

KIDANG TALUN

Kidang talun
mangan gedang talun
mil kethemil...mil kethemil...
si kidang mangan lembayung

DONDHONG APA SALAK

dhondhong apa salak dhuku cilik cilik
gendong apa mbecak mlaku thimik thimik
adhik ndherek ibu tindak menyang pasar
ora pareng rewel ora pareng nakal
mengko ibu mesthi mundhut oleh-oleh
kacang karo roti adhik diparingi

PITIK TUKUNG

Aku duwe pitik, pitik tukung..
saben dina, tak pakani jagung
petok gogok petok petok ngendhog siji,
tak teteske...kabeh trondhol..dhol..dhol..
tanpa wulu..megal-megol.. gol.. gol.. gawe guyu...

JARANAN

jaranan-jaranan... jarane jaran teji
sing numpak ndara bei
sing ngiring para mantri
jeg jeg nong..jeg jeg gung
prok prok turut lurung
gedebug krincing gedebug krincing
prok prok gedebug jedher

GUNDHUL-GUNDHUL PACUL

Gundhul gundhul pacul cul, gembelengan
nyunggi nyunggi wakul kul, petentengan
wakul ngglimpang, segane dadi sak latar
wakul ngglimpang, segane dadi sak latar

MENTHOK-MENTHOK

Menthok, menthok, tak kandani mung lakumu,
angisin-isini mbok yo ojo ngetok,
ono kandhang wae enak-enak ngorok,
ora nyambut gawe
menthok, menthok ...
mung lakukumu megal megol gawe guyu

GAMBANG SULING

Gambang suling, ngumandhang swarane
tulat tulit, kepenak unine
uuuunine.. mung..nreyuhake ba-
reng lan kentrung ke-
tipung suling, sigrak kendhangane

SUWE ORA JAMU

Suwe ora jamu
jamu godong tela
suwe ora ketemu
ketemu pisan gawe gela

TAK LELO LELO LEDUNG

tak lelo lelo lelo ledung...
cup menenga aja pijer nangis
anakku sing ayu rupane
nek nangis ndak ilang ayune
tak gadang bisa urip mulyo
dadiyo wanita utomo
ngluhurke asmane wong tua
dadiyo pendekaring bangsa
cup menenga anakku
kae bulane ndadarikaya ndas butho nggilani
agi nggoleki cah nangis
tak lelo lelo lelo ledung
cup menenga anakku cah ayu
tak emban slendang batik kawung
yen nangis mudak gawe bingung
tak lelo lelo ledung..
Kembali Ke Atas Go down
rizky
Pengawas
rizky


Lokasi : Nganjuk-Wonosari-bekasi
Reputation : 7
Join date : 24.08.09

kudengar lagu kenangan...cublak cublak suweng... Empty
PostSubyek: Re: kudengar lagu kenangan...cublak cublak suweng...   kudengar lagu kenangan...cublak cublak suweng... Icon_minitimeSun Oct 17, 2010 1:07 am

iseh ono maneh pora mbah tunggalane kui
Kembali Ke Atas Go down
http://ispria.blogspot.com/
Asmaraningtyas
Camat
Asmaraningtyas


Lokasi : Karangmojo
Reputation : 39
Join date : 08.01.09

kudengar lagu kenangan...cublak cublak suweng... Empty
PostSubyek: Re: kudengar lagu kenangan...cublak cublak suweng...   kudengar lagu kenangan...cublak cublak suweng... Icon_minitimeSun Oct 17, 2010 1:20 am

suk digoleki meneh....
Kembali Ke Atas Go down
rizky
Pengawas
rizky


Lokasi : Nganjuk-Wonosari-bekasi
Reputation : 7
Join date : 24.08.09

kudengar lagu kenangan...cublak cublak suweng... Empty
PostSubyek: Re: kudengar lagu kenangan...cublak cublak suweng...   kudengar lagu kenangan...cublak cublak suweng... Icon_minitimeSun Oct 17, 2010 6:57 pm

dipun tenggo
Kembali Ke Atas Go down
http://ispria.blogspot.com/
Ipung Purwanto
Camat
Ipung Purwanto


Lokasi : Lubang Buaya Jaktim
Reputation : 5
Join date : 08.03.08

kudengar lagu kenangan...cublak cublak suweng... Empty
PostSubyek: Re: kudengar lagu kenangan...cublak cublak suweng...   kudengar lagu kenangan...cublak cublak suweng... Icon_minitimeTue Oct 19, 2010 1:59 pm

Mas lagune iseh kurang ;
Ela - elo
ditunggu lagu liyane...Mugo-mugo iso di release gek di kasetke utowo di CD..ke...
ajib
Kembali Ke Atas Go down
igunawan
Koordinator
igunawan


Lokasi : Siak Sri Inderapura, Riau, Indonesia
Reputation : 1
Join date : 13.12.11

kudengar lagu kenangan...cublak cublak suweng... Empty
PostSubyek: Re: kudengar lagu kenangan...cublak cublak suweng...   kudengar lagu kenangan...cublak cublak suweng... Icon_minitimeTue Feb 28, 2012 10:42 pm

lagu dolanan.... ngelingke jaman cilikan kula rumiyin. lare sakniki kinten2 tasih ngertos mboten......???
Kembali Ke Atas Go down
Asmaraningtyas
Camat
Asmaraningtyas


Lokasi : Karangmojo
Reputation : 39
Join date : 08.01.09

kudengar lagu kenangan...cublak cublak suweng... Empty
PostSubyek: Re: kudengar lagu kenangan...cublak cublak suweng...   kudengar lagu kenangan...cublak cublak suweng... Icon_minitimeTue Feb 28, 2012 11:53 pm

cah saiki isane mung meksa wong tuwa kredit motor....
Kembali Ke Atas Go down
bowo_wahyu
SatPam
bowo_wahyu


Lokasi : ngawen - karangmojo - djogdjakarta
Reputation : 6
Join date : 18.03.08

kudengar lagu kenangan...cublak cublak suweng... Empty
PostSubyek: Re: kudengar lagu kenangan...cublak cublak suweng...   kudengar lagu kenangan...cublak cublak suweng... Icon_minitimeTue Feb 28, 2012 11:59 pm

cah saiki paling malah wes do raono sing ngerti...ngertine dolan nyang mall.. ngakakk
Kembali Ke Atas Go down
http://www.siapcetak.in
masipoeng
Camat
masipoeng


Lokasi : Sungailiat, Bangka
Reputation : 5
Join date : 16.06.11

kudengar lagu kenangan...cublak cublak suweng... Empty
PostSubyek: Re: kudengar lagu kenangan...cublak cublak suweng...   kudengar lagu kenangan...cublak cublak suweng... Icon_minitimeThu Mar 01, 2012 12:57 am

cah saiki mending dho menceti HP tinimbang podo dolanan rame2,.. frustasi
Kembali Ke Atas Go down
http://www.masipoeng.wordpress.com
wiwid
HanSip
wiwid


Lokasi : Dunia Maya
Reputation : 19
Join date : 09.08.09

kudengar lagu kenangan...cublak cublak suweng... Empty
PostSubyek: Re: kudengar lagu kenangan...cublak cublak suweng...   kudengar lagu kenangan...cublak cublak suweng... Icon_minitimeThu Mar 01, 2012 3:56 am

ditambahi video apik kwi kayane..
aq tau krungu lagu2 ngunu kwi..

cilikan q ora neng kene jew..
Kembali Ke Atas Go down
http://www.wonosari.com/forum
gimbik
Pengawas
gimbik


Lokasi : Nori One
Reputation : 6
Join date : 04.03.08

kudengar lagu kenangan...cublak cublak suweng... Empty
PostSubyek: Re: kudengar lagu kenangan...cublak cublak suweng...   kudengar lagu kenangan...cublak cublak suweng... Icon_minitimeThu Mar 01, 2012 1:15 pm

cilikanku rambutku dicukur kuncung
ser...hehehhehe niki cublak2 suweng rumiyin





yippy
Kembali Ke Atas Go down
http://profiles.friendster.com/imbik
sacho_eka
Pengawas
sacho_eka


Lokasi : tangerang- banten
Reputation : 36
Join date : 03.11.08

kudengar lagu kenangan...cublak cublak suweng... Empty
PostSubyek: Re: kudengar lagu kenangan...cublak cublak suweng...   kudengar lagu kenangan...cublak cublak suweng... Icon_minitimeThu Mar 01, 2012 1:29 pm

kelingan jaman cilikan ku...! kudengar lagu kenangan...cublak cublak suweng... 193929
Kembali Ke Atas Go down
http://kiossticker.com
wiwid
HanSip
wiwid


Lokasi : Dunia Maya
Reputation : 19
Join date : 09.08.09

kudengar lagu kenangan...cublak cublak suweng... Empty
PostSubyek: Re: kudengar lagu kenangan...cublak cublak suweng...   kudengar lagu kenangan...cublak cublak suweng... Icon_minitimeThu Mar 01, 2012 2:00 pm

Wkwkwkwk..
Lucu2 kae sing nyanyi..

Cilikan q mah ngertine Trio kwek-kwek.. ngakakk
Kembali Ke Atas Go down
http://www.wonosari.com/forum
Agus_Gogon
Pengawas
Agus_Gogon


Lokasi : karangetan rongkop GK pondok gede
Reputation : 109
Join date : 17.09.10

kudengar lagu kenangan...cublak cublak suweng... Empty
PostSubyek: Re: kudengar lagu kenangan...cublak cublak suweng...   kudengar lagu kenangan...cublak cublak suweng... Icon_minitimeThu Mar 01, 2012 2:04 pm

si lumba2 BONDAN PRAKOSO
Kembali Ke Atas Go down
http://www.c-palm.com
Sugiyanti Utami
KorLap
Sugiyanti Utami


Lokasi : Banguntapan,Bantul
Reputation : 0
Join date : 14.11.11

kudengar lagu kenangan...cublak cublak suweng... Empty
PostSubyek: Re: kudengar lagu kenangan...cublak cublak suweng...   kudengar lagu kenangan...cublak cublak suweng... Icon_minitimeMon Mar 05, 2012 2:41 pm

Motor motor cilik
sing numpak mblenek
Lungguh liyat liyut
Ngantok lenthak lenthok
mak gragap tengah kretek

Ono grobak mandek
grobake isi babi
Ambune rak patek wangi
pak gede cengar cengir
Babine cedar cedir
Motore terus ngok ngok
babine terus ngrok ngrok
ngok ngrok ngok ngrok
ngok ngok ngrok

Tambahan lagu dolanan "sing iso nglagokke sewu"
Kembali Ke Atas Go down
wiwid
HanSip
wiwid


Lokasi : Dunia Maya
Reputation : 19
Join date : 09.08.09

kudengar lagu kenangan...cublak cublak suweng... Empty
PostSubyek: Re: kudengar lagu kenangan...cublak cublak suweng...   kudengar lagu kenangan...cublak cublak suweng... Icon_minitimeTue Mar 06, 2012 5:00 am

lagu opo kuwi mbak?..
Kembali Ke Atas Go down
http://www.wonosari.com/forum
Sugiyanti Utami
KorLap
Sugiyanti Utami


Lokasi : Banguntapan,Bantul
Reputation : 0
Join date : 14.11.11

kudengar lagu kenangan...cublak cublak suweng... Empty
PostSubyek: Re: kudengar lagu kenangan...cublak cublak suweng...   kudengar lagu kenangan...cublak cublak suweng... Icon_minitimeTue Mar 06, 2012 7:29 am

Lagu dolanan jg ndisik aku sd ujianne nyanyi kuwi kr " buto buto galak solahe lunjak....
Kembali Ke Atas Go down
wiwid
HanSip
wiwid


Lokasi : Dunia Maya
Reputation : 19
Join date : 09.08.09

kudengar lagu kenangan...cublak cublak suweng... Empty
PostSubyek: Re: kudengar lagu kenangan...cublak cublak suweng...   kudengar lagu kenangan...cublak cublak suweng... Icon_minitimeTue Mar 06, 2012 7:31 am

ngakak
Aq durung tau ngerti lagu kuwi..
Neng youtube ono ra yow?..
Kembali Ke Atas Go down
http://www.wonosari.com/forum
Sugiyanti Utami
KorLap
Sugiyanti Utami


Lokasi : Banguntapan,Bantul
Reputation : 0
Join date : 14.11.11

kudengar lagu kenangan...cublak cublak suweng... Empty
PostSubyek: Re: kudengar lagu kenangan...cublak cublak suweng...   kudengar lagu kenangan...cublak cublak suweng... Icon_minitimeTue Mar 06, 2012 8:15 am

Ketoke ora ono engko nek ono ndak di klem negoro liyo mangkane anakke di ajari tembang jowo ora malah ceryybell , midun Very Happy
Kembali Ke Atas Go down
Sugiyanti Utami
KorLap
Sugiyanti Utami


Lokasi : Banguntapan,Bantul
Reputation : 0
Join date : 14.11.11

kudengar lagu kenangan...cublak cublak suweng... Empty
PostSubyek: Re: kudengar lagu kenangan...cublak cublak suweng...   kudengar lagu kenangan...cublak cublak suweng... Icon_minitimeFri Mar 09, 2012 11:30 am

Selamat jln sang maestro campursari semoga amal ibadahmu di terima # Alloh swt
Kembali Ke Atas Go down
Asmaraningtyas
Camat
Asmaraningtyas


Lokasi : Karangmojo
Reputation : 39
Join date : 08.01.09

kudengar lagu kenangan...cublak cublak suweng... Empty
PostSubyek: Re: kudengar lagu kenangan...cublak cublak suweng...   kudengar lagu kenangan...cublak cublak suweng... Icon_minitimeFri Mar 09, 2012 4:37 pm

Sugiyanti Utami wrote:
Selamat jln sang maestro campursari semoga amal ibadahmu di terima # Alloh swt

sing tilar sapa mbak?
Kembali Ke Atas Go down
Sugiyanti Utami
KorLap
Sugiyanti Utami


Lokasi : Banguntapan,Bantul
Reputation : 0
Join date : 14.11.11

kudengar lagu kenangan...cublak cublak suweng... Empty
PostSubyek: Re: kudengar lagu kenangan...cublak cublak suweng...   kudengar lagu kenangan...cublak cublak suweng... Icon_minitimeFri Mar 09, 2012 4:45 pm

Asmaraningtyas wrote:
Sugiyanti Utami wrote:
Selamat jln sang maestro campursari semoga amal ibadahmu di terima # Alloh swt

sing tilar sapa mbak?

Pak manthous mas!
Kembali Ke Atas Go down
macanWong7
Koordinator
macanWong7


Lokasi : www.batuzakar.net
Reputation : 5
Join date : 22.02.09

kudengar lagu kenangan...cublak cublak suweng... Empty
PostSubyek: Re: kudengar lagu kenangan...cublak cublak suweng...   kudengar lagu kenangan...cublak cublak suweng... Icon_minitimeThu Oct 25, 2012 2:36 pm

kelingan jaman semono, ketoke malah gayeng
sakiki bocahe beda, isane nekak bapake
Kembali Ke Atas Go down
http://www.batuzakar.net
Sponsored content





kudengar lagu kenangan...cublak cublak suweng... Empty
PostSubyek: Re: kudengar lagu kenangan...cublak cublak suweng...   kudengar lagu kenangan...cublak cublak suweng... Icon_minitime

Kembali Ke Atas Go down
 
kudengar lagu kenangan...cublak cublak suweng...
Kembali Ke Atas 
Halaman 1 dari 1
 Similar topics
-
» Misteri Lagu “Gaby-Tinggal Kenangan”
» ono kenangan opo neng sma 1 wonosari? iki secuil kenangan-ku.. :(
» Yang suka lagu-lagu GREEN DAY gabung yooo!!!
» LYRiX LAGU-LAGU BARAT POpUlaR....
» Lagu-lagu Jawa (Gending & Campursari) :

Permissions in this forum:Anda tidak dapat menjawab topik
FKOGK :: IT GADGET & EDU CORNER :: Boso Jowo-
Navigasi: