FKOGK
Would you like to react to this message? Create an account in a few clicks or log in to continue.


Forum Komunitas Online Gunungkidul
 
IndeksJual BeliPortal FKOGKLatest imagesPencarianPendaftaranLogin

 

 'MAK' = 'SAMPAI' ?

Go down 
+4
sacho_eka
Asmaraningtyas
kandar
mas roso
8 posters
PengirimMessage
mas roso
Koordinator
mas roso


Lokasi : Pondok Indah Kutabumi TNG
Reputation : 7
Join date : 08.06.09

'MAK' = 'SAMPAI' ? Empty
PostSubyek: 'MAK' = 'SAMPAI' ?   'MAK' = 'SAMPAI' ? Icon_minitimeSat Nov 14, 2009 9:34 am

Boso jowo iku iso diarani boso sing ekspresif loh... Akeh kata-kata ning boso jowo sing nek diucapake pas banget karo kahanan utawa suasana sing diwakili karo kata-kata iku. Koyo to, banyu "mili". Kata "mili" iku pangucapane pas banget karo kahanane banyu sing lagi ngalir kemricik. Nha iku juga, "kemricik" juga cocok banget karo suarane banyu. Angin "silir-silir" uga pas pangucapane karo kahanan angin sing alon-alon sumilir. Terus istilah kanggo perbuatan kasar uga sering kali cocok karo suarane. Contone "keplak", "kethak", "kaplok", "jiwit", "cèthol", "culek" lan sapanunggalane

Opo maneh nek ning kata majemuk (ah..lali istilahe ning boso jowo iku opo ya kanggo "kata majemuk"). Soko pangucapan kata-katane wae iso katon banget suasanane. Contone, "padhang jingglang", "peteng dhedhet" ... opo maneh yo?

Ono maneh cara sing ekspresif kanggo menehi kesan sing istilahe "comparatif superlative". Kanggo menehi kesan salah sawijine barang iku ukurane gedhe tenan, wong jowo biasane nggawe kata sifat dasar sing diseseli "u". Dadine istilah "guedhé" iku luwih gedhe tinimbang "gedhé" biasa. Kadar tingkat perbandingane uga iso diatur nganggo dowo-endhek-e seselan "u" iku mau. "Guuuuuueedhuuéé" iku karepe ngono yo "juuuan guuedhéé tueenan".. Very Happy

Istilah sing ekspresif liyane iso ditemoni ning peristiwa sing kedadeane dumadakan. Koyo to wong sing keslomot rokok iku unine ning boso jowo "mak nyus". Unine glèdhèk iku "mak jedhèr". Unine barang kecemplung ning banyu "mak plung". Kesenggol knalpot panas "mak nyos". Dikaplok uwong "mak plok". Dumadakan muncul "mak bedunduk". Kata "mak" ning kene iki kanggo nambah kesan dumadakan kedadean. Nek ora kathik "mak", rasane kurang ekspresif, kurang ngageti. Tapi sing jelas ora ono hubungane karo si emak utowo si embok.

Lha upomo arep nggambarake wong 'nggantheng' koyo aku diambung 'prawan ayuuu' tenan, yo dadine "MUUAAAK NYUUUOOOSSS!!"
Kembali Ke Atas Go down
kandar
Presidium
kandar


Lokasi : jakarta asli Kemiri, Tanjung sari
Reputation : 25
Join date : 23.08.08

'MAK' = 'SAMPAI' ? Empty
PostSubyek: Re: 'MAK' = 'SAMPAI' ?   'MAK' = 'SAMPAI' ? Icon_minitimeSat Nov 14, 2009 10:27 am

nek miturut penemuku Mak = ujuk-ujuk..tanpo rencono/dingerteni sakdurunge..
contone.. si A njedul mak bedunduk....mak kliyup mati sentire... lan liya2ne..

Nyuwun sewu menawi lepat....
Kembali Ke Atas Go down
http://syifauwongmantren.multiply.com
mas roso
Koordinator
mas roso


Lokasi : Pondok Indah Kutabumi TNG
Reputation : 7
Join date : 08.06.09

'MAK' = 'SAMPAI' ? Empty
PostSubyek: Re: 'MAK' = 'SAMPAI' ?   'MAK' = 'SAMPAI' ? Icon_minitimeSat Nov 14, 2009 11:49 am

ajib
SIP KANG ...
'ujug-ujug' itu yang lebih mendekati ...
iso uga dinggo kata sambung 'tambahan' ....'ujug-ujug mak benduduk'

tapi BAHASA INDONESIA'NE 'ujug-ujug' kuwi opo yo Kang ?
ngakakk
Kembali Ke Atas Go down
kandar
Presidium
kandar


Lokasi : jakarta asli Kemiri, Tanjung sari
Reputation : 25
Join date : 23.08.08

'MAK' = 'SAMPAI' ? Empty
PostSubyek: Re: 'MAK' = 'SAMPAI' ?   'MAK' = 'SAMPAI' ? Icon_minitimeSat Nov 14, 2009 4:09 pm

mas roso wrote:
ajib
SIP KANG ...
'ujug-ujug' itu yang lebih mendekati ...
iso uga dinggo kata sambung 'tambahan' ....'ujug-ujug mak benduduk'

tapi BAHASA INDONESIA'NE 'ujug-ujug' kuwi opo yo Kang ?
ngakakk

ujug-ujug = tiba-tiba/tidak dinyana nejk menurut kamus embuh yoo..
Kembali Ke Atas Go down
http://syifauwongmantren.multiply.com
Asmaraningtyas
Camat
Asmaraningtyas


Lokasi : Karangmojo
Reputation : 39
Join date : 08.01.09

'MAK' = 'SAMPAI' ? Empty
PostSubyek: Re: 'MAK' = 'SAMPAI' ?   'MAK' = 'SAMPAI' ? Icon_minitimeSun Nov 15, 2009 12:51 pm

mak iku artine nganggo cara....muncul mak bedengus...artine muncul dg cara mak bedengus... tiba mbanyu mak plung...jatuh di air dg cara plung....dst....
Kembali Ke Atas Go down
sacho_eka
Pengawas
sacho_eka


Lokasi : tangerang- banten
Reputation : 36
Join date : 03.11.08

'MAK' = 'SAMPAI' ? Empty
PostSubyek: Re: 'MAK' = 'SAMPAI' ?   'MAK' = 'SAMPAI' ? Icon_minitimeMon Nov 16, 2009 10:41 pm

kok neng nggon ku kadang nganggo PAK yo??


contone: "si A kok ujug2 linga Pak kliwir...mbuh ra ngerti trus lungo neng di mau..""

ngapunten kang...!!
Kembali Ke Atas Go down
http://kiossticker.com
Kang Mintar
Lurah
Kang Mintar


Lokasi : Semarang
Reputation : 1
Join date : 03.09.09

'MAK' = 'SAMPAI' ? Empty
PostSubyek: Re: 'MAK' = 'SAMPAI' ?   'MAK' = 'SAMPAI' ? Icon_minitimeTue Nov 17, 2009 6:02 am

sacho_eka wrote:
kok neng nggon ku kadang nganggo PAK yo??


contone: "si A kok ujug2 linga Pak kliwir...mbuh ra ngerti trus lungo neng di mau..""

ngapunten kang...!!
Kembali Ke Atas Go down
mas roso
Koordinator
mas roso


Lokasi : Pondok Indah Kutabumi TNG
Reputation : 7
Join date : 08.06.09

'MAK' = 'SAMPAI' ? Empty
PostSubyek: Re: 'MAK' = 'SAMPAI' ?   'MAK' = 'SAMPAI' ? Icon_minitimeTue Nov 17, 2009 7:33 am

Kata sandang 'Mak/Pak' sepertinya 'MEMBIKIN LEBIH' arti kata yang disertainya. dari yang kita duga. :roll: :sleep:
Kembali Ke Atas Go down
Ipung Purwanto
Camat
Ipung Purwanto


Lokasi : Lubang Buaya Jaktim
Reputation : 5
Join date : 08.03.08

'MAK' = 'SAMPAI' ? Empty
PostSubyek: Re: 'MAK' = 'SAMPAI' ?   'MAK' = 'SAMPAI' ? Icon_minitimeSun Nov 29, 2009 9:18 am

mas roso wrote:
Boso jowo iku iso diarani boso sing ekspresif loh... Akeh kata-kata ning boso jowo sing nek diucapake pas banget karo kahanan utawa suasana sing diwakili karo kata-kata iku. Koyo to, banyu "mili". Kata "mili" iku pangucapane pas banget karo kahanane banyu sing lagi ngalir kemricik. Nha iku juga, "kemricik" juga cocok banget karo suarane banyu. Angin "silir-silir" uga pas pangucapane karo kahanan angin sing alon-alon sumilir. Terus istilah kanggo perbuatan kasar uga sering kali cocok karo suarane. Contone "keplak", "kethak", "kaplok", "jiwit", "cèthol", "culek" lan sapanunggalane

Opo maneh nek ning kata majemuk (ah..lali istilahe ning boso jowo iku opo ya kanggo "kata majemuk"). Soko pangucapan kata-katane wae iso katon banget suasanane. Contone, "padhang jingglang", "peteng dhedhet" ... opo maneh yo?
Ono maneh cara sing ekspresif kanggo menehi kesan sing istilahe "comparatif superlative". Kanggo menehi kesan salah sawijine barang iku ukurane gedhe tenan, wong jowo biasane nggawe kata sifat dasar sing diseseli "u". Dadine istilah "guedhé" iku luwih gedhe tinimbang "gedhé" biasa. Kadar tingkat perbandingane uga iso diatur nganggo dowo-endhek-e seselan "u" iku mau. "Guuuuuueedhuuéé" iku karepe ngono yo "juuuan guuedhéé tueenan".. Very Happy

Istilah sing ekspresif liyane iso ditemoni ning peristiwa sing kedadeane dumadakan. Koyo to wong sing keslomot rokok iku unine ning boso jowo "mak nyus". Unine glèdhèk iku "mak jedhèr". Unine barang kecemplung ning banyu "mak plung". Kesenggol knalpot panas "mak nyos". Dikaplok uwong "mak plok". Dumadakan muncul "mak bedunduk". Kata "mak" ning kene iki kanggo nambah kesan dumadakan kedadean. Nek ora kathik "mak", rasane kurang ekspresif, kurang ngageti. Tapi sing jelas ora ono hubungane karo si emak utowo si embok.

Lha upomo arep nggambarake wong 'nggantheng' koyo aku diambung 'prawan ayuuu' tenan, yo dadine "MUUAAAK NYUUUOOOSSS!!"


Iki minongko tambahan wae yo mas...

Tembung camboran (basa Indonesia: kata majemuk), kuwi rong tembung utawa luwih kang digandhèng dadi siji.

Miturut wutuh orané, tembung camboran iki kapérang dadi loro, yakuwi:

Tembung cambaoran wutuh, contoné: sisib sembir, baya pakéwuh, raja lélé lsp.
Déné wujud sijiné yakuwi wis dicekak (wancah). Contoné: bangjo: abang-ijo, barji barbèh: bubar siji bubar kabèh, gaji wakma: sega siji iwaké lima, nasgithel:panas legi kenthel lly.....
Miturut hubungan wanda siji lan sijiné, tembung camboran bisa dipilah dadi telu, yakuwi:

Tembung camboran kang nduwèni teges sadrajad. (kopulatif). Contoné: gedhé cilik, tuwa nom, sumbang surung, sandhang pangan lsp. Rerocèn tembung bisa uga ditambahi tembung "lan" utawa"saha".
Tembung camboran kang tembung kapidhoné nerangaké tembung kapisan (determinatif). Contoné: jambu kapuk, pelem gadhung, manuk dara, lsp.
Tembung camboran kang tembung kapisan nerangaké tembung kapindhoné. Conto: Parama sastra = sastra kang parama (linuwih), Pandhu putra = putrané Pandhu

Yo mugo-mugo andadeake kawruh boso iku luweh apik , ananging ojo lirwo awake-dewe kudu biso nguri-uri kabudayan jowo supoyo tetep lestari... matur nuwun...
Kembali Ke Atas Go down
rizky
Pengawas
rizky


Lokasi : Nganjuk-Wonosari-bekasi
Reputation : 7
Join date : 24.08.09

'MAK' = 'SAMPAI' ? Empty
PostSubyek: Re: 'MAK' = 'SAMPAI' ?   'MAK' = 'SAMPAI' ? Icon_minitimeSat May 22, 2010 8:42 am

Njian mantep tenan donan. ajib
ning aku seneng iki
Quote :
'ujug-ujug mak benduduk'
kiro2 yo pada wae pangertenane
sok sok kui yo no nang gonku... "ngerti-ngerti mak pethungul tekan kene"=tau tau muncul nang kene
Kembali Ke Atas Go down
http://ispria.blogspot.com/
sacho_eka
Pengawas
sacho_eka


Lokasi : tangerang- banten
Reputation : 36
Join date : 03.11.08

'MAK' = 'SAMPAI' ? Empty
PostSubyek: Re: 'MAK' = 'SAMPAI' ?   'MAK' = 'SAMPAI' ? Icon_minitimeFri Aug 19, 2011 12:39 am

bulo ngobe es buah rasanye mak nyussssssssss........!


iyo ra lur..?
Kembali Ke Atas Go down
http://kiossticker.com
rizky
Pengawas
rizky


Lokasi : Nganjuk-Wonosari-bekasi
Reputation : 7
Join date : 24.08.09

'MAK' = 'SAMPAI' ? Empty
PostSubyek: Re: 'MAK' = 'SAMPAI' ?   'MAK' = 'SAMPAI' ? Icon_minitimeSat Aug 27, 2011 1:28 am

moto ngantuk dikeceri jeruk rasane "Mak pyarrrrr"
Kembali Ke Atas Go down
http://ispria.blogspot.com/
sacho_eka
Pengawas
sacho_eka


Lokasi : tangerang- banten
Reputation : 36
Join date : 03.11.08

'MAK' = 'SAMPAI' ? Empty
PostSubyek: Re: 'MAK' = 'SAMPAI' ?   'MAK' = 'SAMPAI' ? Icon_minitimeThu Nov 03, 2011 1:03 am

ambune... mak breng...

jian sopo iki? ngakak
Kembali Ke Atas Go down
http://kiossticker.com
donyone
Lurah
donyone


Lokasi : Semin
Reputation : 2
Join date : 14.07.11

'MAK' = 'SAMPAI' ? Empty
PostSubyek: Re: 'MAK' = 'SAMPAI' ?   'MAK' = 'SAMPAI' ? Icon_minitimeTue Dec 20, 2011 8:31 pm

rasane Mak Plog ngakak piye iku
Kembali Ke Atas Go down
http://glcyber.us.tc
Sponsored content





'MAK' = 'SAMPAI' ? Empty
PostSubyek: Re: 'MAK' = 'SAMPAI' ?   'MAK' = 'SAMPAI' ? Icon_minitime

Kembali Ke Atas Go down
 
'MAK' = 'SAMPAI' ?
Kembali Ke Atas 
Halaman 1 dari 1
 Similar topics
-
» Pajak sampai 15%...
» Beasiswa S1 sampai Lulus SMA/K IPA.
» Saya bukan Pengemis ( kehebatan warga GK yang cacat)
» Bacalah Sampai Bawah(habis)
» Jangan sampai larang BANYU..!

Permissions in this forum:Anda tidak dapat menjawab topik
FKOGK :: IT GADGET & EDU CORNER :: Boso Jowo-
Navigasi: